cerkak *kilat*

5:50 PM

Durung Mesti Salah

Dening: Vindiasari Yunizha S.P. (XIA1/26)


Sapto iku bocah kelas 2 SMA, dhewekeseneng tawuran. Saben dina Sapto diundang guru BK jalaran gawe perkara. Sapto dicap ala karo guru lan kanca – kanca SMA N 1 Pertiwi. Ana – ana waetumindake, dheweke seneng gawe perkara marang kanca lan guru sing ora disenengi.

Pak Tarji, guru BK SMA N 1 Pertiwi nganti jeleh ngurusi bocah siji kuwi. Saben dina Pak Tarji ngelus dada jalaran akeh laporan saka bocah – bocah sing kandha yen Sapto gawe polah ‘ngompasi adek kelas’. Sawise krungu kabar, Pak Tarji ngundang Sapto menyang ruang BK.

“Sapto, karepmu piye?” Pak Tarji ngendika alus.

“I want to married, Sir!” jawab Sapto sakanane.

“Kowe ki ngomong opo, le?”

Mboten napa – napa, Pak.”

Kowe ngerti ngopo tak undang ning BK?” pitakon Pak Tarji

Sae bendinane, Pak. Ndhamel perkara.”

Sapto, mirengna aku. Dilit engkas kowe munggah kelas 3. Kowe pengen munggah ora?” Sapto mung meneng.

“Yowes kono, balik wae neng kelas. Aku isih akeh gawean.” Pitutur Pak Tarji.

Sawise Sapto metu ruang BK, Sapto ora langsung mlebu kelas. Dheweke mampir kantin disik. Kantin kethok sepi, mung ana bu Wanti. Ibu sing nduweni wandean ing sekolahan.

“Bu, es jeram setunggal.” Pesen Sapto.

Inggih mas.”

Kliwat sedhelo, es jeruk dadi. Sapto njupuk es jeruk. Sawise nyruput, Sapto mbayar lan ninggalke kantin. Sapto mlaku alon-alon, ing sebrang wes ketok pintu sing ning ndhuwure ana papan tulisane X1 IPA4. Sapto akhire mlebu kelas. Kabeh seisi kelas ndhelok Sapto, kejaba Pak Warto sing isih nulis rumus matematika. Tanpa mikir dawa, Sapto lungguh ning kursi mburi dewe, panggonane Sapto.

Let 45 menit, pak Tarji rawuh kaliyan bapak – bapak ngagem seragam polisi. Sawise Pak Tarji izin kaliyan Pak Warta, bapak – bapak polisi mlebu kelas.

Sugeng siang para siswa. Kula saking kepolisian badhe gledah tas para siswa. Polsek Pertiwi enthuk kabar, siswa mriki wonten ing ngedarake narkoba.” Para penghuni kelas pada kaget.

Pak polisi gledahi siji – siji tas siswa. Saiki tas Sapto digledah, polisi nemukake bungkusan isine sabu – sabu. Pak polisi banjur nangkep lan nyeret Sapto metu kelas lan digowo ke ruang BK. Sapto kaget barang haram iku iso ana ning tase.

Sapto, opo iki barangmu?” pitakon pak polisi.

Mboten, Pak!! Niku dede barang kula. Kula mboten nduweni iku.”

Banjur, nopo barang iku bisa nang tasmu?”

Kula mboten ngertos, Pak.” Jawab Sapto santai.

Pak, kita saged ngagem test urin kangge nyaosi pelakunipun. Kula yakin, Sapto iku korban.” Pak Tarji matur kaliyan Pak Polisi.

Polisi langsung ngadaake tes urin. Kabeh siswanglakoni tes urin, tanpa kejaba.

Pripun, Pak?” pitakon Pak Kepsek marang Pak Polisi.

Positip, Pak!”

Segera ditindak mawon, Pak!”

Sapto nunggu ning ruang BK, glusah – glusuh. Dheweke binggung karo kejadian iki. Dheweke ora ngrasa ndhuweni sabu – sabu. Kenapa iso neng njero task u? Polisi banjur mlebu ning ruang BK.

Sapto, kowe bebas.” Pitutur pak polisi.

Bebas napa, Pak? Kula kan mboten ditangkep.”

Polisi sampun nangkep pelakune.”

Sinten, Pak? Pitakon Sapto.

Jarwo kelas XI IPS4.”

Jarwo digawa ning ruang BK, Saiki Jarwo ning ngarepe Sapto.

Wo, kowe ana dendam karo aku po? Nek aku duwe salah, aku njaluk pangapuramu.” Sapto takon.

Kowe ora salah kok, aku mung wedi nek ketahuan. Kowe kan dicap bocah nakal, dadine aku nyimpen barang kuwi ning tasmu. Aku njaluk ngapuramu, Sap.”

Ora segampang kuwi!” Jarwo tegang.

Oraaaa…..oraaaaaaa… aku guyoooon kok!” Sapto guyon.

Sawise kejadian salah tangkep, Sapto dadi bocah sing ora gawe neko – neko meneh, lan Jarwo melu program rehabilitasi saking kepolisian. Akhire Sapto lan Jarwo saged lulus SMA lan nglanjutake kuliah ing jurusan sing dipilih.

You Might Also Like

0 comments